Sadranan utawa nyadran yakuwi rangkean kegiatan
keagamaan sing wis dadi tradisi sing dilakoni nang wulan Syakban (Ruwah)
menjelang wulan Ramadhan (Puasa).
Tradisi Sadranan wis umum dilakoni masyarakat muslim Asia Tenggara
ning kadang beda jeneng karo beda rangkean kegiatane. Masyarakat Jawa,
termasuk juga masyarakat Banyumasan ngelakoni tradisi kiye sebagai
penghormatan maring arwah leluhur, kerabat/sedulur.
Jaman gemiyen acara sadranan dilakoni kanggo pemujaan maring leluhur
uga njaluk maring arwah leluhur, sebab dipercaya nek arwah leluhur sing
wis meninggal kuwe jane esih urip bareng nang dunia kiye. Upacara
sadranan jaman gemiyen nganggo ubarampe sing isine sesajen
panganan-panganan sing ora enak dipangan contone: daging mentah, getih
ayam, kluwak lyy.
Bar Agama Islam
melebu, para Wali ngerobah upacara sadranan kiye kanthi cara alus ben
pada karo ajaran Islam. Pemujaan karo permohonan maring leluhur dirobah
dadi dhonga maring Gusti Allah.
Sesajen sing ora enak dipangan diganti dadi sajian panganan sing enak.
Upacara sing gemiyen dianakna nang kuburan terus dipindah nang Masjid utawa Mushalla/Langgar uga bisa nang omah kerabat sesepuh/pinisepuh.
Sadranan
kuwe hakekate yaiku kesadaran menungsa maring perkara urip karo
meninggal. Sing wis meninggal ganu ngelairna sing esih urip, sing esih
urip mengkone nyusul sing wis mati(Sangkan Paraning Dumadi).
Sadranan uga ngandung makna nek menungsa kuwe kudhune terus eling nek
dheweke urip kuwe hakekate bebarengan karo ngenteni meninggal, kiye
mangsude ben saben ngelakoni apa baen dong esih urip kudhu ngati-ati.









No comments:
Post a Comment